Selamat Datang di Blog SOKARAJA WETAN

Aneh Tapi Nyata Bledug Kuwu

Bledug Kuwu, Piye awal mulone...!

Bledug Kuwu kuwi sawijining papan wisata kang manggon ing tlatah Kabupaten Grobogan. Luwih cethane ing Desa Kuwu, Kecamatan Kradenan. Watesing Kecamatan Wirosari lan Kradenan. Yen saka kutha Purwodadi, kira-kira ya udakara 28 km-an. Wujude arupa lendhut kang tansah mbledug-mbledug kaya umub. Panggone lumayan amba udakara + 45 ha tanpa ana wit-witane. Mula, yen mangsa ketiga, ing kono ya panase ora jamak.
Nadyan adoh saka laut, banyu kang kawetu saka lendhut mau bisa digawe uyah amerga rasane pancen asin. Saliyane digawe uyah krosok, banyune uga kerep dienggo nggawe bleng (biyasane kanggo nggawe krupuk utawa lepet).  Nanging ya bisane nggawe uyah mau yen ing mangsa ketiga thok, jalaran isih nganggo cara tradhisional, migunakake panasing srengenge.
Piye ta critane, kok ing tlatah kang adoh saka laut kanthi dhuwur + 53 m saka sandhuwuring laut kuwi bisa ngasilake lendhut mbledug-mbledug kang bisa ngasilake banyu asin? Warga ing kono percaya yen critane kuwi kaya mangkene :
Jaman mbiyen, ana Negara gedhe aran Medhangkamolan. Ing manca, negarane kawentar subur makmur gemah ripah loh jinawi. Ananging sejatine negara kuwi kapimpin dening raja kang banget diwedeni dening kawulane amarga saking angkara murkane. Prabu Dewatacengkar, kuwi asmane. Dening bapakke dhewe, Raja ing Negara Galuh, Prabu Watu Gunung, malah disepatani yen ta tumindake kuwi kaya kewan lan mbesuke bakal dadi kewan. Iku amarga Dewatacengkar kasil ngrebut negarane bapakke dhewe sawise ditundhung gara-gara tumindake kang asring tumindak degsiya marang sapadha-padha, uga mangan daging manungsa. Ing Medhangkamolan, Dewatacengkar kabiyantu dening Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudhopekso.
Sawise tanpa ora sengaja dhahar drijine koki sing keplathok nalika masak kanggo ngrayakake kamenangan nglawan Negara Galuh, Dewatacengkar banjur tuman pengin maneh ngrasakake dhahar daging manungsa. Saben minggu kudu ana masakan kang isine kuwi daging manungsa. Sakawit, sing dadi kurban kuwi para pandosa kang ana ing pakunjaran. Nanging, gandheng saya suwe saya entek, mula saben minggune saben omah entuk jatah. Yen Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudhopekso wis ngaton, kuwi ateges para mudha taruna kudu waspada amarga pancen sing digoleki ya sing isih enom-enom!! Nadyan nggoleke kanthi sesidheman, nanging tetep wae, “becik ketitik, ala ketara”. Warga ing kono sidane padha ngawruhi kahanan kang ana ing negarane. Negara kang kapimpin dening wong degsiya kang doyan daging manungsa!!
Ing negri sebrang, ana nom-noman linuwih kang nembe njajah desa milang kori, miyak segara ing negara manca, golek kawruh lan pengalaman sajroning ngaurip ing donya. Asmane Ajisaka. Kawentaring Negara Medhangkamolan narik kawigatene. Mula banjur nduwe sedya arep mara mrana. Anggone ngulandara dikancani dening rewange ya kanca rakete loro, Dora lan Sembada.
Ing satengahing lelampahan, wong telu padha mampir leren ing sawijining pulo arane Nusa Majedi kang saiki jenenge Bawean. Ing kono, Sembada ditinggal supaya tetep ana pulo kono njaga barang-barang. Lan ditinggali keris pusaka sarta diweling supaya aja nganti keris pusaka mau pindhah saka tangane yen ora Ajisaka dhewe kang teka njaluk dhewe marang dheweke.
Sawise meling Sembada, wusanane Ajisaka nerusake lakune amung dikancani Dora. Angin lan ombak ngantheni lakuning prau tumuju ing Nusa Jawa. Mula banjur padha golek dalan kang tumuju mring kraton Medhangkamolan kang kawentar iku. Nanging, ing sacedhaking watesing negara Medhangkamolan, Ajisaka malah dikagetke dening wong-wong kang sajake malah padha arep ngungsi. Mangka ing pangirane, kabar kang keprungu iku yen Medhangkamolan iku negara kang subur makmur gemah ripah loh jinawi. Nanging, saben wong sing ditakoni malah sajake padha keweden arep mangsuli. Mula nalika weruh ana omah prasaja nanging katone karumat apik, banjur wong loro mau padha mampir mrono.
Ki Grenteng, kuwi jenenge sing nduwe omah. Ki Grenteng banjur crita nadyan ta subur nanging pajek kang kudu dibayar uga gedhe lan ana kerja peksa tanpa bayaran kang kudu kaleksanan. Lan sing saiki gawe trataban lan was-was sumelang warga kono yaiku ngenani kawengisan rajane sing saiki saben minggune kudu dicawisi daging manungsa. Sajroning crita, Ajisaka nyuwun ijin supaya dikeparengake nunut neng mburi. Ing mburi, tanpa dinuga malah weruh Rara Cangkek, putrine Ki Grenteng kang isih setengah klambinan nembe metu saka pakiwan. Ajisaka sajak kesengsem awit weruh kahanan ana kenya ayu kang gawe atine trataban. Banjur, bareng ing pakiwan, banyu turase kang kawetu ing peceren diombe dening pitik jagone Ki Grenteng. Lan anehe, sawise ngombe banyu turasing Ajisaka, pitik jago mau malah lunjak-lunjak lan bengak-bengok kaya dene patrape pitik babon sing arep ngendhog kae. Rara Cangkek kang ngawruhi polatane sing aneh mau wusanane banjur ngurung pitik mau ing sacedhaking lumbung pari.
Ringkesing crita, Rara Cangkek bisa uwal saka tangane Tumenggung Rudhopekso, kanthi akale Ajisaka. Dikandhakake yen Rara Cangkek kuwi sabenere nduwe lara kulit kang nular lan mbebayani. Patih Aryo Tengger lan balane langsung ngeculake Rara Cangkek. Sidane diganteni dening Ajisaka lan wusanane bisa ngakali Dewatacengkar saengga dadi baya putih ing samodra kidul. Amarga dipandeng dadi satriya kang nylametake warga kono saka degsiyane Dewatacengkar, mula warga kono ngangkat Ajisaka dadi rajane. Dene Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudhopekso sidane padha dikunjara.
Sawise dadi raja, dheweke kelingan karo keris kang dititipake neng Sembada. Ananging dheweke kelalen marang piwelinge dhewe nalika masrahake kerise marang Sembada kae. Amarga arep dienggo, mangka isih akeh urusan liya, mula Prabu Ajisaka ngutus Dora supaya njupuk keris lan ngajak Sembada supaya melu neng Medhangkamolan mesisan. Tekan Nusa Majedi, Dora banjur ngomong karo Sembada yen dheweke diutus supaya njupuk kerise. Nanging Sembada tetep ngugemi apa kang mbiyen nate diwelingke marang dheweke lan ora bakal menehke keris mau kejaba marang Ajisaka dhewe. Wusanane wong loro banjur padha adu kasekten ngugemi apa prentahe Ajisaka dhewe-dhewe. Ora ana sing gelem ngalah lan wusanane padha matine kanthi keris ana ing antarane jasade.
Ajisaka kang atine ora jenjem banjur nyusul neng Nusa Majedi. Lan saeba kagete bareng meruhi kahanan kang nrenyuhake ati. Kancane loro tetep ngugemi apa kang diprentahake dheweke nganti mati. Mula kanggo ngurmati kalorone banjur digawekke aksara Jawa kang aran Dentawyanjana.
Ing daleme Ki Grenteng, pitik jago kang dikurung Rara Cangkek sidane ngendhog. Ning endhoge bentuke bunder seser lan luwih gedhe tinimbang endhog pitik biyasane. Endhog mau kawruhan dening Rara Cangkek, banjur disimpen ana ing lesung panggon pari. Anggone nyimpen mau ora matur bapa-biyunge jalaran dianggep mung endhog biyasa. Nanging anehe maneh, nadyan parine tansah dijupuki, nanging parine ora dang entek-entek. Kuwi kang dadi pitakone Nyai Grenteng. Mula ngomong karo Ki Grenteng supaya niliki ana apa ta sejatine, kok katone nganeh-anehi temen.
Saeba kagete Ki Grenteng jalaran kang ditemoni ing ngisor lumbung kuwi jebule ula raseksa kang bisa micara kaya dene manungsa. Ula mau nakokke ibune, Rara Cangkek lan bapakke Ajisaka. Mula Ki Grenteng banjur ngundang anak bojone supaya padha weruh dhewe apa kang sejatine ana ing lumbung. Ibu anak mau bareng weruh ana ula raseksa ing lumbung pari terus padha semaput. Jalaran percaya yen ula mau ora bakal ngganggu, mula Ki Grenteng sidane ngrumat anak-bojone nganti eling maneh. Rara Cangkek kang wiwit eling bareng ngematake raine ula mau banjur kelingan Raden Ajisaka kang tau nylametake dheweke saka tangane Dewatacengkar.
Ula mau banjur takon ana ngendi saiki bapakke, Raden Ajisaka. Banjur dikandhakake yen saiki wis dadi raja Medhangkamolan sawise ngalahake Dewatacengkar sing saiki dadi baya putih ing Samodra Kidul. Saiki piyambake ajejuluk Prabu Ajisaka. Lan negara bisa saya makmur tentrem karta raharja jalaran saka pimpinane.
Ula mau banjur pamitan karo Ki Grenteng sakeluwarga arep nemoni bapakke, Prabu Ajisaka.  Ing sadawaning dalan, wit-witan kang dilewati padha ambruk. Lan bareng tutug dalan tumuju kraton Medhangkamolan, banjur ngomong karo warga kono yen dheweke ora bakal ngganggu angger ora dialingi sedyane nemoni bapakke, Prabu Ajisaka.
Para punggawa kang ana ing ngarep kraton wiwitane arep mateni ula mau, nanging saking sektine, ula mau ora ana sing bisa ngalahake nganti taman ing plataran kraton padha morat-marit. Wusanane banjur lapuran mring Gustine langsung yen ana ula kang ngaku putrane pengin ngadhep.
Sawise ketemu, sakawit Ajisaka banget duka lan rumangsa ketampar raine jalaran ana ula teka-teka kok ngaku anakke. Mangka dheweke isih ijen durung nduwe garwa. Nanging bareng ula mau ngomongake Rara Cangkek, Prabu Ajisaka banjur rada luluh atine, kelingan kenya ayu rikala dhewekke pisanan teka ing negara sing saiki dadi duwekke.
Wusanane, Prabu Ajisaka bakal ngakoni yen ula mau anakke anggere dheweke bisa nggawa bali ndhase baya putih kang isih ngganggu pikirane amarga nalika dijegurke Samodra Kidul kae banjur sesorah bakal ngganggu anak putune Ajisaka kang lena ing samodra. Lan nggawane mulih bali neng Kraton Medhangkamolan kudu saka njero lemah, ngisor bantala.
Ula mau banjur nyendikakake dhawuhe sang rama. Lan langsung pamitan tumuju ing Samodra Kidul. Tutug ing kono, weruh baya putih nembe leyeh-leyeh ing tengah laut, banjur digubed saengga baya putih ora bisa obah. Gelut kang dumadi saya ndadi amarga padha sektine. Nanging sidane ula bisa kasil nggubed maneh si baya putih saengga dadi lan patine. Ndhase ditugel lan diuntal dening ula kanggo bukti ing ngarep ramane mengko.
Kaya kang dititahke, ula mau banjur mulih lewat ngisor bantala. Nanging gandheng ing njero lemah ora weruh juntrung-parane yen arep neng Kraton Medhangkamolan, mula banjur njedhul mendhuwur. Panggon njedhule sing pisanan iki dipercaya saiki sing ana ing Desa Jono Kecamatan Tawangharjo, Grobogan. Amarga manut insting-e, Negara Medhangkammolan isih adoh, mula banjur ambles maneh ing ngisor bumi. Kaya critane sing pisanan mau, ula mau banjur njedhul maneh sing kaping pindhone yaiku ing Desa Crewek, Kec. Kradenan, Grobogan. Nanging terus bar kuwi ambles maneh.
Kanthi sisa tenaga kang isih ana, kepeksa ula mau njedhul sakawake kabeh metu saka lemah. Dheweke wis ra kuwat maneh!! Wusanane awakke kang awujud ula raseksa mau saya suwe saya suda lan saya suda lan malah dadi wujud cah cilik kang katone lemes banget tanpa daya. Ing kono ndilalahe ana dhukun bayi kang lagi lewat. Amarga mesakna, mula banjur diurut lan dipijeti supaya luwih sumringah. Lan kayane pancen kuwi kang dibutuhke dening cah cilik mau. Ditakoni jenenge, cah cilik mau malah ngomong yen dhewekke linglung. Sawise rada kepenak awake, cah cilik mau banjur matur gunging panuwun dhateng Mbah Dhukun. Dheweke ora bisa males, nanging dongane muga Mbah Dhukun mau bisa tansah dieling-eling ing tembe mburi dening anak cucune. Sawise takon dalan tumuju Kraton Medhangkamolan, wusanane banjur pamitan nerusake laku dhateng Mbah Dhukun mau.  Lha…. panggonan kang dianggo njedhule Ula Linglung mau kuwi sing saiki aran Bledug Kuwu………………..
Wusanane ula mau dijenengi Joko Linglung dening Bapakke, Prabu Ajisaka adhedhasar critane nalika ketemu Mbah Dhukun. Joko Linglung banjur dipanggonke ana kandhang kewan kraton bareng karo kewan-kewan kang langka titipan saka manca.
         Sakawit Joko Linglung diwenehi jatah panganan. Nanging suwening suwe, dheweke saya dilalekake. Amarga keluwen mula banjur mangan kancane dhewe. Punggawa kraton kang kajibah njaga kewan-kewan ana kono keweden amarga kewan-kewane padha ilang. Sawijining dina nalika Joko Linglung mangan kancane bangsa kewan ing kandhang, konangan. Banjur kedadeyan kuwi dilaporake dening rajane.
         Prabu Ajisaka duka. Joko Linglung banjur ora didaku anak maneh lan dipanggonke tapa ana alas. Welinge ora entuk mangan kejaba ana sing mara dhewe neng cangkeme. Amarga rumangsa salah, banjur Joko Linglung nampa kanthi legawa lan wusanane lunga ing alas sing didhawuhke. Tekan kono, dheweke mapan tapa, nyawiji karo rerungkudan alas saengga ora ketara yen dheweke kuwi ula.
         Sawijining dina ana cah angon cacah sanga sing padha ngiyub ing panggonan sing dikira guwa amerga udan deres. Jane cah sepuluh, nanging cah siji sing kebak gudig ora dientukake mlebu guwa. Dheweke ngenteni ana njaba rada adoh karo guwa. Bareng udane wis terang dheweke niliki kanca-kancane. Ning saeba kagete bareng sing ditemoni sirah ula raseksa kang gudras getih manungsa. Cah cilik mau banjur mlayu sipat kuping nuju desa, ka ro ngomong para warga.
         Warga padha wadul marang sang raja. Njaluk supaya ula mau dibrastha. Kanthi bijak, Ajisaka bakal nuruti karepe warga ananging kanthi syarat yakuwi sing bakal menehi ukuman ora liya Ki Grenteng sakeluwarga amarga ula mau silsilahe ya saka keluwarga kono. Para warga sarujuk manut pamanggihe sang nata. Banjur ana sing marani Ki Grenteng sakeluwarga.
         Nalika Ki Grenteng, Nyi Grenteng lan Rara Cangkek ngadhep ing ngarsaning Prabu Ajisaka, ing njero ati Ajisaka seneng banget jalaran bisa ketemu karo geganthilaning ati. Semana uga karo Rara Cangkek. Ananging saiki sing wigati yaiku ngenani Joko Linglung kang gawe ora tentreming warga Medhangkamolan. Nadyan ta abot ya kepeksa amarga salahe dhewe. Wusanane Ajisaka masrahake ukuman marang Joko Linglung dhateng Ki Grenteng. Ki Grenteng sakeluwarga banjur tumuju ing panggonane Joko Linglung tapa bareng karo para warga lan sang nata, Prabu Ajisaka.
         Joko Linglung seneng banget bisa ketemu Ki Grenteng sakeluwarga. Semono uga Ki Grenteng sakeluwarga. Nadyan wujude ula, nanging ora diselaki yen nalika isih neng ngomahe kae ora ngganggu, kepara malah nambah berkah. Berase sing ana ing lumbung ora entek-entek. Nanging kanthi blaka Ki Grenteng banjur ngendika yen dheweke bakal menehi ukuman marang Joko Linglung amarga dheweke wis mateni cah angon cacah sanga. Joko Linglung manut wae. Dheweke ngomong yen bakal nrima apa wae kang bakal dadi ukumane. Ki Grenteng banjur golek wit gedhe kanggo nyengkal cangkeme Joko Linglung. Lan awake sing dawa ditaleni bakoh dadi siji karo rerungkuding alas saengga ora bisa obah. Kuwi ukumane kanggo Joko Linglung. semoga informasi ini bermanfaat.......

0 Komentar untuk "Aneh Tapi Nyata Bledug Kuwu"

Back To Top